Peta geografis Amérika Sarékat
Amérika Sarékat (basa Inggris United States of America) utawa biasané dicekak dadi AS iku sawijining negara fédheral sing wilayahé ana ing Amérika Lor lan Oséania. Ditilik saka pedunungé, negara iki sing paling gedhé kaping telu sadonya sawisé Republik Rakyat Cina lan India. Ibu kutha Amérika Sarékat ya iku Washington, DC. Amérika Sarékat iku negara adidaya. Negara fédheral iki kasusun saka 50 negara bagéan. Saka 50 negara bagéan iki, loro papané ana ing dharatan, banjur siki minangka eksklave ing sisih lor lan siji iku dhaérah kapuloan. Saliyané iku Amérika uga nduwé jajahan: Puerto Riko, Guam, Samoa Amerika, Kapuloan Mariana Lor, lan Kapuloan Virgin.
Amérika Sarékat nduwé pedunung 300 yuta jiwa.
Politik
-
Amérika Sarékat kuwi negara dhémokrasi konstitusional kanthi sistem three-tier lan institusi kehakiman kang bebas. Ana telung tataran yaiku tataran nasional, negara bagéan lan pamaréntahan lokal yang duwèni badan legislatif sarta eksekutif kanthi bidhang kuwasa dhéwé-dhéwé. Negara iki migunakaké sistem persekutuan utawa federalisme yakuwi arupa pambagéan kakuwasan ing antara negara pusat lan negara bagéan. Negara pusat kuwasa marang sawetara prakara kayata pancithakan dhuwit sarta kawicaksanan pertahanan. Nanging, negara-negara bagéan kuwasa nemtokaké hak lan undhang-undhang dhéwé-dhéwé kayata hak ngguguraké bayi lan ukuman maksimal jroning undhang-undhang.
Siji elemen kang cetha ing Amérika yaiku doktrin pambagéan kuwasa. Pasal 1 nganti 3 Konstitusi Amérika, wis nggarisaké sacara rinci bab kuwasa-kuwasa Negara kang utama yaiku eksekutif, legislatif dan kehakiman. Checks and Balances utawa kontrol lan kaseimbangan minangka siji ciri utama jroning negara Amérika lan bab iki komplit banget saéngga ora ana siji cabang negara kang duwé kuwasa mutlak kanggo ngawal cabang kakuwasan liyané.
Ing negara iki kabèh rakyat kang umuré wis ngancik 18 taun duwé hak milih. Pemilu kanggo pamilihan presiden dianakaké saben patang taun sepisan lan kang pungkasan yakuwi ing sasi November 2004.
Saliyané Pemilu kanggo milih presidhèn, ana uga Pemilu paruh wektu, kang dianakaké ing pertengahan mangsa jabatan presidhèn. Jroning pemilu iki kang dipilih dudu presidhènn nanging kabèh anggota Dewan Perwakilan lan saprotelon senator saka saben negara bagéan. Pemilu iki pungkasan dianakaké ing tanggal 7 November 2006.
Pamérangan administratif
-
Nalika nyatakaké kamardikan Amérika Sarékat, telulas koloni owah dadi negara-negara bagéan. Wiwitané negara-negara bagéan iki nyawiji minangka sawijining persekutuan nanging banjur dadi negara kang nyawiji. Taun-taun sabanjuré, cacahing negara bagéan tansaya tambah kanthi mlebuné negara-negara bagéan ing tlatah kulon, panukon lemah lan pamekaran sawetara negara-negara bagéan kang wis ana. Saben negara bagéan dipérang jroning counties (kayadéné kabupaten), cities (kayadéné kuthamadya utawa kutha otonom) lan townships (kayadéné kacamatan).
Amérika Sarékat uga nduwèni dhaerah federal, Washington DC, lan tanah jajahan kayataPuerto Riko, Samoa Amérika, Guam lan Kapuloan Virgin.
Geografi
-
Amérika Sarékat kuwi negara paling gedhé nomer-3 ing donya. Kahanan geografiné manéka warna banget:
Uga duwèni iklim werna-werna gumantung kahanan geografis, wiwit saka iklim tropis (panas lan garing ing mangsa panas, anget ing mangsa anyep) ing Florida nganti tundra (anyep sadawaning taun) ing Alaska. Sebagéan negara iki nduwèni mangsa panas kang anget lan mangsa salju kang amyep. Sawetara bagéan AS, kayata bagéan California, nduwèni iklim Mediterrania.
Uga delengen
Pranala jaba
Situs resmi pamaréntah
Liya-liya
Questions for article: revolusi inggris
|