Anggur

del.icio.us del.icio.us
Digg Digg
Furl Furl
Reddit Reddit
Rojo Rojo
Add to OnlyWire
Red Wine grapes
Red Wine grapes

Wit anggur kuwi klebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman?), tuwuh minangka tanduran kang tahan urip mataun-taun ( perennial ) lan arupa wit grumbul kang mrambat ( deciduous woody vine ), saka genus Vitis. Woh anggur bisa dipangan mentahan utawa digawé jam, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur. Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané bisa ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan}, utawa putih. Senajam mengkono, anggur "putih" sakjané werna ijo, nanging sacara alon-alon malih rupa sing asalé saka anggur abang. Mutasi saka loro gèn kang temata ngendhegaké produksi anthocyanin, yakuwi zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[1].

Bab lan Paragraf

Wit Anggur

Palatina, anggur Jerman
Palatina, anggur Jerman

Akèh-akèhé anggur asal saka cultivars Vitis vinifera, yakuwi wit anggur Eropah sing asalé saka tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tanduran anggur jinis kang sumebar ing Amérika land Asia, kayata :

Anggur Segara Coccoloba uvifera kuwi sakjané kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé saka pulo-pulo ing segara Karibia.

Distribusi lan prodhuksi

Grapevines
Grapevines
Grape production in 2005
Grape production in 2005

Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tanduran anggur. Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringaké. Sebagéan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng kang tanpa tambahan gula lan "100% alami". Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.

Tabel ing ngisor iki minangka daftar prodhusèn anggur kang pinunjul ing donya.:

Negara Ambané tlatah kebon anggur
Spanyol 11.750 km²
Prancis 8.640 km²
Italia 8.270 km²
Turki 8.120 km²
Amérika Sarékat 4.150 km²
Iran 2.860 km²
Rumania 2.480 km²
Portugal 2.160 km²
Argentina 2.080 km²
Australia 1.642 km²
Inggris 10,53 km²

Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation.


Delengen uga

Pranala jaba

Look up grape in Wiktionary, the free dictionary.
Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Anggur (woh) ing Wikimedia Commons.

Referensi

  1. Walker AR, Lee E, Bogs J, McDavid DA, Thomas MR, Robinson SP (2007). "White grapes arose through the mutation of two similar and adjacent regulatory genes". Plant J 49 (5): 772–85.



Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Anggur_(woh)"

This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.


Giant Panda

Mercedes Car
James Bond Guide
This site monitored by SitePinger.net