|
Australia iku sawijining negara gedhé ing kidul. Ibukuthane yaiku: Canberra. Pedhunungé kira-kira ana 20 yuta. Negara tanggané antara liya: ing sisih lor Indonesia, Timor Wétan, lan Papua Nugini, ing sisih lor-wétan Solomon Islands, Vanuatu, lan New Caledonia lan ing sisih kidul-wétan Selandia Anyar. Dharatan Australia wis didunungi manungsa luwih saka 42,000 taun déning Pedunung asli.[2] Sawisé ditekani sacara sporadis déning para nelayan saka lor lan sabanjuré ditemokaké déning wong Eropah yakuwi panjelajah Walanda ing taun 1606,[3] separo tlatah bagéan wétan sabanjuré di akoni déning Kerajaan Inggris ing taun 1770 lan wiwitané kanggo nampung wong ukuman penal transportation minangka bagéan saka koloni New South Wales, wiwit tanggal 26 Januari 1788. Nalika cacahing pedunung tansaya akèh, tlatah anyar wiwit dibukak ing abad ka-19, yakuwi lima dhaerah otonom koloni Inggris. Ing tamggal 1 January 1901, enem koloni gabung dadi federasi, lan Persemakmuran Australia banjur kawangun. Wiwit dadi federasi, Australia nganut sistem politik demokrasi liberal lan tetep jroning Persemakmuran utawa Commonwealth realm. Ibukuthané yakuwi Canberra, dumunung ing Australian Capital Territory (ACT). Pedunungé ana 21 yuta jiwa, lan akèh-akèhé ngumpul ing kutha-kutha Sydney, Melbourne, Brisbane, Perth, and Adelaide.
Etimologi
Artists rendition of Port Jackson, the site where Sydney was established, viewed from the South Head. (From A Voyage to Terra Australis.)
Jeneng "Australia" kuwi asalé saka basa Latin Australis, kang tegesé "sisih kidul". Legenda bab "tlatah kang ora dimangertèni ing kidul" (terra australis incognita) saka jaman Romawi kuwi wis ana ing ilmu geografi abad tengahan, nanging durung adhedhasar saka kawruh nyata bab bawana iki. SajarahPolitik
Gedung parlemen ing Canberra dibukak ing taun 1988 nggantèkaké gedhung lawas kang dibuka ing taun 1927.
Commonwealth Australia kuwi sawijining negara kang nganut sistem demkrasi konstitusional adhedhasar pamérangan kakuwasan federal. Wangun pamaréntahan kang dianggo yakuwi Monarki Konstitusional kanthi pamaréntahan sistem parlementer. Ratu Elizabeth II kuwi minangka Ratu Australia, sawijining peran kang béda karo posisiné minangka panguasa (monarch) ing Commonwealth realm liyané. Raut diwakili déning Gubernur Jendral ing tataran federal lan déning Gubernur ing tataran negara bagéan. , Mangga PirsaniCathetan
Referensi
Pranala jaba
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.
Mercedes Car
This site monitored by SitePinger.net