Euro

del.icio.us del.icio.us
Digg Digg
Furl Furl
Reddit Reddit
Rojo Rojo
Add to OnlyWire
Bagéyan ngarep koin 1 euro.
Bagéyan ngarep koin 1 euro.

Euro iku valuta kang dipigunaaké ing 13 negara anggota Uni Éropah. Sacara giral, wiwit dipugunaaké tanggal 1 Januari 1999. Nanging sacara fisik gèk dipigunaaké tanggal 1 Januari 2002. Dhuwit kertas Euro ing ngendi-endi wanguné padha, nanging dhuwit logamé ing bagéyan mburiné béda-béda. Dhuwit logam saben negara diwènèhi lambangé dhéwé.

Banjur wiwit tanggal 1 Januari 2007, Slovenia uga migunaaké Euro minangka valuta.

Euro saka sawijining negara bisa dipigunaaké ing rolas negara liyané.

Sanajan dhuwit kertas Euro wanguné padha, nanging ana bédané sithik, yaiku ing bagéyan nomer, saéngga bisa dimangertèni asalé saka negara sik ngendi.

Negara Nomer diwiwiti kanthi huruf
Jerman X
Irlandia T
Walanda P
Yunani Y
Prancis U
Luxemburg  ?
Austria N
Finlandia L
Belgia Z
Italia S
Portugal M
Spanyol V


Negara-negara kang migunaaké valuta Euro

Simbol valuta Euro
Simbol valuta Euro

Limalas negara anggota Uni Éropah kang migunaaké Euro minangka valutané yaiku:

  1. Jerman
  2. Irlandia
  3. Walanda
  4. Yunani
  5. Prancis
  6. Luxemburg
  7. Austria
  8. Finlandia
  9. Belgia
  10. Italia
  11. Portugal
  12. Spanyol
  13. Slovenia (wiwit 1 Januari 2007)
  14. Siprus (wiwit 1 Januari 2008)
  15. Malta (wiwit 1 Januari 2008)

Saliyané iku, ana sapérangan negara cilik kang uga migunaaké Euro, yaiku:

  1. Andorra
  2. Monako
  3. San Marino
  4. Vatikan

Banjur ana sapérangan dhaérah uga antuk migunaaké Euro minangka valuta, yaiku dhaérah:

  1. Montenegro
  2. Kosovo

Pirsanana uga

Pranala njaba

Commons
Mangga mriksani Euro ing Wikimedia Commons.

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Euro"

This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.


Giant Panda

Mercedes Car
James Bond Guide
This site monitored by SitePinger.net