Kali Mississippi

Article in other languages:

Sumber banyu Kali Mississippi ing pinggir Tlaga Itasca

Kali Mississippi kuwi kali di negara Amérika Sarékat. Minangka salah sijining kali kang paling dawa ing donya.

Jeneng "Mississippi" asalé saka basa pedunung asli Amérika kang jarwané "bapak banyu".

Asal banyu Kali Mississippi saka negara bagéan Minnesota, cedhak tapel wates karo negara Kanada. Mississippi mili mangidul ngliwati tlatah tengah Amérika Sarékat, yakuwi ngliwati negara bagéan Wisconsin, Iowa, Illinois, Missouri, Kentucky, Tennessee, Arkansas, lan Mississippi.

Sungapan Kali Mississippi dunungé ana ing negara bagéan Louisiana, kidulé kutha New Orleans, pungkasané ing Teluk Meksiko.

Mississippi nduwèni akèh kali anakan. Dhaérah ilèn kali Mississippi amba banget, sumrambah ing tlatah Amérika Sarékat. Maknané Kali Mississippi lan kali-kali anakané wigati tumrap ngilèkaké banyu ing tlatah Amérika Sarékat.

Sawetara kali anakan wigati yakuwi (wiwit saka hulu):

Mississippi dadi wigati banget tumrap sajarah transportasi ing Amérika Sarékat. Nalika sepisanan Amérika Sarékat dadi negara, Kali Mississippi minangka wates kulon saka negara kuwi.

Delengen uga

Wacan Terusan

  • Penn, James R. (2001). Rivers of the World. ABC-CLIO. ISBN 1-57607-042-5.
  • Bartlett, Richard A. (1984). Rolling Rivers: An encyclopedia of America's rivers. R. R. Donnelley and Sons. ISBN 0-07-003910-0.

Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons kagungan galeri bab:


Geographylogo.png

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Kali_Mississippi"

Questions for article: แม่น้ำมิสซิสซิปปี

This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.


IHS Europe: Infrared Heating Systems for Home and Business.