|
Kembang (flos) iku struktur reproduksi seksual tetanduran ngembang (divisio Magnoliophyta utawa Angiospermae, "tetanduran wiji katutup"). Ing kembang ana organ reproduksi (benang sari lan putik). Kembang sadina-dina uga dianggo nyebut struktur kang sacara botani disebut kembang majemuk utawa inflorescence. Kembang majemuk iku kumpulan kembang-kembang sing ngumpul ing sakroncèn. Ing konteks iki, satuan kembang sing nyusun kembang majemuk disebut floret. Kembang fungsi utamané ngasilaké wiji. Penyerbukan lan pembuahan dumadi ing kembang. Sawisé pembuahan, kembang bakal dadi woh. Woh iku struktur sing nggawa wiji. Daftar jinising Kembang
|
This article is from Wikipedia. All text is available under the terms of the GNU Free Documentation License.
Mercedes Car
This site monitored by SitePinger.net