Los Angeles (IPA: /lɒˈsændʒəlɨs/wonten ing Basa Inggris lan IPA: [loˈsaŋxeles] ing Spanish languageBasa Spanyol) punika satunggiling kitha nomer kalih paling ageng ing negari bagéan California miturut cacahipun pedunung.[1] Asring dipun cekak dados L.A. kémawon, kitha wau minangka kitha global donya kategori A[2] utawi alpha world city[3] Tlatah Los Angeles–Long Beach–Santa Ana metropolitan punika nggadahi kinten-kinten 13 yuta pedunung.[4] Los Angeles dipun wangun ing taun 1781 déning gubernur SpanyolFelipe de Neve minangka El Pueblo de Nuestra Señora la Reina de los Ángeles de Porciúncula (Désa kanggé para wanita, Putri Malaikat saking Porciúncula). Kitha punika dados bagéan saking Mexico ing taun 1821 saksampunipun mardhika saking Spanyol, lan saklajengipun dados bagéan saking Amerika Serikat ing taun 1848 ing pungkasan Perang Mexico-Amerika. Minangka satunggiling kitha global Alpha ( alpha city ), Los Angeles dados pusat budhaya, pusat teknologi, lan pusat perdhagangan ing donya.