1 Kabèh wilayah Republik Prancis, klebu kabèh departemen lan wilayah jaban rangkah, ora klebu Terre Adélie ing Antartika amarga kadhaulatan ditunda wiwit ditapak asmani Persetujuan Antartika taun 1959 2 Metropolitan (bagian Eropah) saka Prancis waé 3 Kabèh Republik Prancis ora klebu wilayah jaban rangkah ing Samudra Pasifik 4 Wilayah Republik Prancis ing jaban rangkah ing Samudra Pasifik waé
Prancis misuwur kanthi jagad adibusana (fashion), roti, anggur, musik, sepur super cepet TGV, lan resor-resor ski ing Pagunungan Alpen, cedhak tapel wates karo Swiss. Jeneng "Prancis" marisi jeneng sawijining karajaan Jermanik kang wilayahé tau nyakup dhaerah iki sawisé runtuh Kakaisaran Romawi, yaiku karajaan Franka.
Wilayah utama Prancis dumunung ing dharatan Eropah Kulon lan ditambah manèh karo sawetara teritori ing Amerika Lor, Karibia, Amerika Kidul, Samudra Hindia bagéan kidul, Samudra Pasifik, lan Antartika. Teritori kasebut nduwé wangun pamaréntahan saka tataran département d'outre-mer nganti Pays d'outre-mer. Sacara geografis Prancis kapérang dadi 26 région; 21 ing antarané dumunung ing Perancis Dharatan, 1 ing pulo Korsika, lan 4 ing jaba bawana Eropah. Région kabagi manèh dadi département(96 département ing Perancis dharatan). Département kapérang jroning 329 arrondissement, lan arrondissement kapérang dadi 3,879 canton, banjur kapérang manèh dadi 36,569 komunitas.
Région ing Prancis dharatan lan sebrang segara, antara liya yakuwi:
Questions for article: batas wilayah laut antara inggris dan islandia, negara perancis, negara yang menganut sistem semipresidensial, presidensial afrika selatan, presidensial brazil, republik perancis, sistem semipresidensial negara perancis